Tuesday, June 10, 2014

UPAMA AKU PRESIDHEN (geguritan)

UPAMA AKU PRESIDHEN
Dening: Sulistiyowati
Jaman apa iki?
Sapa kang bisa marabi jaman kang wis nora bisa dingerteni?

Akeh wong kang tumpakane Toyota Yaris
Nyata akeh wong kang bisa menyang Paris
Kuwi kabeh ya mung perangan cilik kanggone wong kae
Wong-wong neng dhuwur kae
Iya, sing lungguh dhipan emas kae!
Polahe penthalitan sakepenake dhewe
Ning sejatine nora bisa ginugu lan amung sepele
Morale bae ecek-ecek…
Ngerti begal? Hla kuwi… karo begal bae ora kacek!
Kepriye ora?
Hla wong apa kang cumepak
Kabeh dioyak…
Marang pepadha bae sungkan tulung-tinulung
Bebasan asu lan kucing rebutan balung..
Ana dhuwit kokembat!
Ana gedhung koktilap!
Nganti ngelek dalan bae kuwat!
Apa ta kang dadi kurangmu?
Jabatan wis tinemu!
Dhuwit uga wis maewu-ewu!
Kok ya tegel mangan jatahe dulurmu?
Saya dhuwur pangkatmu..
Saya ndhangak uga sirahmu!
Kae hlo… jembarna mripatmu!
Delengen dulur-dulurmu neng kana..
kang nora duwe bandha donya!
Aja kokutamakna tumindak adigang, adigung, adiguna!
aku pribadhi nora lila
weruh kahanan kaya mangkana!

Kowe!! Malah gumleger gumuyu
Weruh kasangsarane para mitramu!
Banjur gumlethak ana ngendi atimu?
Upama aku Presidhen!
Nora bakal dakuja Nagara iki kawur…
kawur dening angin kang gawa hawa takabur!
supaya Negara iki bisa makmur….
wong-wong kang pangkate dhuwur…
uga kudu duweni moral kang dhuwur!
Sing sapa wonge angel diatur, nora mokal bakal ajur!
Upama aku Presidhen….
Aku kepengin wong-wong cilik bisa kajen
yen prelu…
pejabat kang sugih sepedha motor
gumanti dening wong cilik kang mung kathokan kolor..
pejabat kang mangane roti..
gumanti dening para petani….
supaya kabeh bisa padha-padha ngrasani
bot repote nyunggi kauripan iki…
Pancen ya…
jaman saiki korupsi wis dadi hobi
gudhang korupsi wis madeg neng ngendi-ngendi…
wis nora eling marang bendune Gusti
kepengin rasane menehi ukuman manungsa iki!
Yen mutilasi bae diukum mati
koruptor kudu diukum mati!
nora kena protes!
nyatane kabeh digrogoti!
rak ya padha bae arep mateni?
mung bedane? Mateni kanthi ngati-ati…
Woy!!!! Kowe kang dhemen korupsi…!
enggala padha tobat sakdurunge daksok neng pethi mati
banjur daksolati!!!



1 comment:

  1. Bisa hubungi sya via email untuk membahas mslh sekar jagad

    ReplyDelete