Saturday, June 14, 2014

Bagian I
Esuk kuwi dina Senin tanggal 13 Juli,minangka dina sepisanan bocah-bocah utawa murid-murid anyar padha mlebu sekolah ana ing SMA N 1 Karang Anom sawise MOS sasuwene seminggu. Sekolahan katon rame banget amarga ana kegiyatan rutin saben dina Senin esuk,yaiku upacara bendhera,apa maneh Senin iki,bakal dirameake karo bocah-bocah anyar mau. Upacara diwiwiti tabuh 07.00 WIB nganti kurang luwih tabuh 08.00 WIB. Kaya padatan upacara katindakake kanthi lancar lan hikmat.
            Sawise upacara rampung,bocah-bocah padha mlebu menyang kelase dhewe-dhewe. Amarga lagi sepisanan mlebu,mula ora ana KBM,nanging wektu kuwi digunakake kanggo perkenalan luwih dhisik,perkenalan kuwi ora mung murid karo murid,nanging gurune uga melu. Ana ing kelas,bocah-bocah didhawuhi supaya maju siji-siji ngenalake awake dhewe marang kanca-kancane kang padha-padha murid anyar ana ing SMA N 1 Karang Anom.
            Tabuh 08.00 WIB,kelas X D duweni jadwal pelajaran Matematika,nanging kaya kang wis diandharake dina kuwi ora ana KBM nanging dinggo perkenalan. Kasunyatane menawa murid anyar kuwi akeh sing padha isin-isin anggone ngomong,apa maneh ngomong ana ing ngarep kelas kang wis mesthi digatekake marang kanca-kancane. Anggone padha ngomong uga ora bisa gancar,lantaran isin kuwi mau.
“cah,amarga dina iki minangka dina sepisanan kowe kabeh ngrasani dadi murid SMA N 1,mula aku ora kepengin langsung nggagas pelajaran Matematika dhisik,nanging aku kepengin kowe kabeh maju siji-siji ngenalake awakmu dhewe marang kanca-kancamu kabeh.”

Dhawuhe bu Erna minangka guru Matematika. Bocah-bocah langsung padha maju lan ngenalake awake dhewe. Lah saiki tiba gilirane Cuplis kang maju ngenalake awake dhewe marang kanca-kancane. Cuplis kuwi salah sijining murid anyar kang duweni penyakit isinan banget. Dheweke katon cengar-cengir amarga bingung apa kang arep diomongake ana ing ngarep. Nanging dheweke ora gelem kalah karo kanca-kanca liyane, tembunge:
“sugeng enjang kanca-kanca,tepangake jenengku Tara Sulistyana,nanging akrabe aku diundang Cuplis karo kanca-kancaku lan keluargaku. Omah ku surokonto Wetan.” Dumadakan kanca-kancane padha ngguyu sakseru-serune,kaya-kaya ana kang lucu lan kudu digeguyu.
            “Surokonto Gag pake L ta?” ha ha ha. . . . tembunge salah sijining bocah lanang,arane Itak. Dumadakan kelas dadi rame merga guyune bocah-bocah sak kelas,cuplis rumangsa isin langsung abang pipine. Nanging dheweke ora duwe rasa serik karo kanca-kancane lan tetep sumeh marang kanca-kanca kang wis gawe isin dheweke ing ngarep kelas. Dheweke duweni kabiyasan ngomong nana nina sur,sur. . .mengkono kuwi tandhane dheweke lagi seneng atine.
“itak,,ora pareng matur kaya mengkono,ora apik. Ayo ndang salaman karo ulis,” ngendikane bu Erna.
            “Inggih bu,kula nyuwun pangapunten. Plis  aku njaluk ngapura ya merga wis ngomong kang ora pantes diomongake.” Tembunge Itak kanthi salaman karo cuplis.


“iya,ora apa-apa kok tak,aku ya ora nesu. Aku ngerti menawa kowe mau guyonan.”wangsulane Cuplis.
Ora krasa wektu kanggo pelajaran Matematika wis rampung lan wis wayahe ngaso. 
“nggih,,,amarga wektune telas,mula cukup kanggo pepanggihan kang pertama iki. Mulai minggu ngarep wis siap nampa pelajaran Matematika ta?” ngendikane bu erna.
“nggih bu,siyaga. . .” bocah-bocah mangsuli kanthi bebarengan.
Bu erna metu saka kelas,menyang kantor. Bocah-bocah uga padha metu. Ana kang jajan menyang kantin,ana kang ngisis ana ing ngarep kelas,ana kang gojegan ana ing sangisoring wit-witan ngarep kelas,uga ana kang ajeg ing njero kelas wae. Cuplis kang dhasare isinan ya mung ajeg ing njero kelas,dheweke rumangsa minder amarga bocah saka desa,mula mung lungguh lan ngoret-oret buku tulise.
Dumadakan ana bocah telu kang mlaku nyedhaki Cuplis.
            “hey Plis,kok ora melu metu ta? Kenapa? Apa ora bosen neng njero kelas terus?” tembunge Tutik,salah sijining bocah kang cacahe telu mau.
            “emmm,,anu,,aku isin mbak. Aku iki saka desa,apa bocah-bocah gelem kekancan karo aku?” wangsulane Cuplis kanthi polos.
            “halah,kok ngomonge ngono ta Plis? Awake dhewe ki rak padha-padha manungsa ta? Yen sugih orane kuwi ora dadi masalah kanggone aku lan kanca-kanca.

Wis ta sakiki kowe bareng aku wae piye? Iki hlo ana Ika,Ani,lan aku dhewe Tutik.” Kandhane Tutik.
            “oh,nggih mbak,matur nuwun sanget mbak. Alhamdulilah ya Allah” cuplis katon trenyuh.
            “wis ta,aja ngundang aku mbak maneh,aku Tutik ,ayo ndang menyang kantin,aku wis luwe merga mau isuk ora sarapan.” Kandhane tutik maneh,wusana bocah papat mau mlaku menyang kantin.
Wektu kanggo ngaso rampung,bocah-bocah mlebu kelas maneh sawise krungu bel tandha ngaso wis entek. Pelajaran sabanjure yaiku Pendidikan Agama Islam,nanging merga dina sepisanan mula gurune ora mlebu,bocah-bocahe didhawuhu bali gasik. Cuplis langsung tumuju parkiran arep njupuk pit motor,dheweke metu saka kelas bareng tutik kang mlaku dhewekan merga Ika lan Ani wis dipapag . Mula dheweke ngajaki Tutik bali bareng.
            “Tutik,kok dhewekan? Ika karo Ani menyang ngendi?” pitakone Cuplis.
            “iya ki Plis,Ika lan Ani wis bali,dipapag  kok.”Tutik mangsuli.
            “owalah,kowe kabeh ora sakarah ta? Omahmu ngendi ta?” pitakone Cuplis maneh.
            “iya,Ani kuwi bocah Plantungan,yen Ika Tlangu,lan aku dhewe Kali Bogor.” Kandhane Tutik.
            “oh,,yen mengkono kowe sakarah karo aku,ayo awake dhewe bali bareng wae. Kabeneran aku nggawa pit motor.” Kandhane Cuplis.

            “wah,ora ngrepoti plis?” kandhane Tutik isin-isin.
“ora,ora,wis tenang wae. Ayo ndang.”cuplis nggandheng tangane Tutik menyang parkiran. Wusana,bocah loro bali bareng. Sasuwene ing dalan padha omong-omong ngalor ngidul supaya ora katon sepi.
            Sawise tekan omahe tutik.
            “oh,kene ta omahmu Tik. Wis ngerti aku. Oh iya,yen aku dolan menyang omah,mu entuk ta?” pitakone Cuplis.
            “iya,iki omahku,kaya ngene iki. Wah,ya jelas entuk ta? Malah aku seneng yen ana kancane. Tutik mangsuli.
            “hehehe,iya si. Yawis aku dakpamit ya? Wis awan. Sumelang Ibu duka.” Cuplis pamit bali.
            “iya Plis,ati-ati ya? Matur nuwun hlo.” Tutik mangsuli.
            ‘iya,padha-padha Tik. Ayo,assalamualaikum.” Cuplis nguripake pit motore.
            “iya,waalaikumsalam” Tutik banjur mlebu omah.                         
Kurang luwih 30 menit,Cuplis wis tekan ngomah,bubar sekolah dheweke wis apal apa kang kudu dilakoni. Keluargane Cuplis duweni kabiyasan,saben bubar maghrib banjur padha ngumpul sak keluarga ana ing ruang santai. Bapakne ndangu:
“kepiye ndug anggonmu mlebu sekolah kang sepisanan iki? Seneng ta?”

            “nana nina sur,sur. . . hehe,inggih pak,wis mesthi bae aku seneng. Dakkira kabeh bocah kutha kuwi ora gelem kekancan karo bocah saka desa kaya aku iki,nanging ya isih ana bocah kang apik,ora milih-milih anggone kekancan.” Wangsulane Cuplis.
“lah,ya apik ta? Yen kowe bisa netepi solah bawa kang trep mesthi bakal duwe kanca akeh,penting kowe ora gawe wong liya serik atine. Urip ana ing bebrayan kuwi kudu duweni toleransi kang dhuwur. Mula,kowe kudu bisa netepi kuwi kabeh yen arep kajen.” Dhawuhe bapak.
            “inggih pak,dhawuhe bapak bakal tak emut-emut terus.”
            “yowis kana ndang maem,terus sinau ya? Ora kena males-malesan.”
            ‘inggih pak.” Cuplis banjur maem lan sinau ana kamar nganti ora sadhar yen dheweke turu merga saking semangate sinau.
            Jam 05.00 esuk, Cuplis wis tangi,banjur subuhan lan siyaga umbah-umbah ana ing kolah. Kuwi wis dadi kegiyatane Cuplis saben dinane. Sawise umbah-umbah dheweke banjur adus lan tata-tata arep mangkat sekolah. Kurang luwih jam 06.30 dheweke mangkat sekolah. Amarga dheweke ora ana kancane,mula dheweke marani tutik menyang omahe supaya mangkat sekolah bareng. Bocah loro kuwi mangkat sekolah bareng lan katon rukun.
Tabuh  07.00 WIB pas,kalorone tekan sekolahan lan langsung mlebu ana kelase,neng kana Ani lan Ika wis siyaga lungguh ana bangkune. Ani lan Ika sebangku,mula Tutik uga ngajak Cuplis lungguh sebangku karo dheweke.



Cuplis kuwi dhasare bocah pinter tur manutan,mula dheweke disenengi karo kanca-kancane. Dina iki wiwit pelajaran kaya padatan.  Sasuwene jam pelajaran dheweke anteng lan nggatekake tenanan ora gojegan kaya bocah-bocah liyane.
“eh,kowe Surokonto gag pake “L” kok sepaneng temen anggone nggatekake pelajaran?’hahahah. . .”Itak lan kanca sebangkune wiwit katon nakale.nanging Cuplis tetep ora nggagas omongane kanca-kancane lan nggatekake guru kang lagi mulang ana ing ngarep:
            “he,kowe cah ndesa,gayamu kuwi ora nguwati. Lagi dadi bocah saka desa wae kok wis kemaki. Dijak ngomong karo kancane kok ya mung dijarke wae.” Kandhane Itak sawise jam pelajran rampung.
            “anu,,ya ora ngono tak. Aku kuwi paling ora seneng yen aku lagi nggatekake banjur diganggu. Aku kepengin dadi bocah pinter.” Cuplis mbela awake dhewe.
            “halah! Songong lo!” kandhane Itak nganggo gaya bocah kutha jaman saiki
Cuplis mlongo amarga ora ngerti karepe Itak mau.
            Tiba wayahe bali,bocah papat kuwi,Ika,Tutik,Ani lan Cuplis pisah. Amarga arah omahe ora padha. Cuplis lan Tutik tetep bareng. Ora mung mangkat nanging baline saka sekolahan,Tutik uga bareng Cuplis,lan kuwi kadadeyan saben dina.


Kekancanan bocah loro kuwi katon apik banget,nganti teka ing wong tuwane dhewe-dhewe,mula Tutik lan cuplis wis dadi kaya sedulur cedhak.
Mundhak dina,Cuplis katon mundhak pinter anggone sekolah. Dheweke pancen bocah gemi,setiti lan ngati-ati. Prestasine neng sekolahan uga katon nggumunake. Bisa katonton saka biji harian lan mid semester. Wong tuwane rumangsa mongkog lan trenyuh banget sawise ngerti kahanan kuwi.
            Ora krasa tiba wayahe semesteran,kuwi tandhane bocah-bocah kudu sinau tenanan yen arep munggah kelas kang luwih dhuwur. Cuplis tansaya mempeng anggone sinau. Lagi ora semesteran wae anggone sinau wis mempeng apa maneh semesetran. Wis mesthi dheweke bakaln nyiyagakake awake dhewe kepiye carane bisa nglewati semesteran kuwi kanthi gancar lan mengkone bisa munggah ana ing kelas XI kang wis mulai ana penjurusan. Dheweke nduweni gegayuhan mlebu jurusan IPS. Amarga saking senenge karo pelajaran sosiologi.
Amarga semesteran,mula murid sak kelas dipara dadi 2,lan papan kanggo semesterane ora padha. Ndilalahe papan semesterane Cuplis padha karo Tutik,awit nomer absene ngisor ndhuwur antarane Cuplis lan Tutik,nanging cuwane,dheweke tunggal ruagan karo Itak lan anggone lungguh jejeran nanging beda kursi. Wis mesthi wae bakal dirusuhi terus. Dheweke ora rumangsa cilik atine,tetep percaya yen dheweke isa ngatasi kuwi kabeh. Pelajaran kang sepisanan ing tes iki Bahasa Indonesia.


Nalika bocah-bocah wis padha siyaga ing panggone dhewe-dhewe lan pengawas wiwit mbagi soal tes.
“ eh,kowe bocah songong! Awas ya yen kowe dakundang ora nggagas. Pokoke aku nurun kabeh jawabanmu.”anceme Itak
            “e,e,iya iya. Gampang bisa diatur. Nanging aku paling ora seneng yen aku lagi nggarap banjur diganggu. Awit iki mengko aku lali apa kang arep dakisi ana ing lembar jawab. Hla yen ngono rak malah ora bisa nuruni kowe ta?’kandhane Cuplis
            “alah,,wis ora usah kokean alesan. Ndang digarap. Yen nganti ana garapanku kang ora komplit awas kowe!” anceme Itak maneh.
Cuplis rumangsa gething,nanging tetep meneng lan anteng. Dheweke ngisi idhentitas kang ana ing lembar jawab sinambi ngenteni bel tandha tes mulai. Ora suwi maneh pengawas ngaturi uniga yen tes bisa diwiwiti.
            “nggih,ayo cah wis bisa diwiwiti anggon mu kabeh nggarap soal semesteran.”
            Bocah-bocah katon anteng lan padha sepaneng anggone nggarap,amarga kuwi dina sepisanan semesteran ing SMA. Kurang luwih 30 menit tes kalaksanakake. Itak wiwit ngrusuhi kanca-kancane.
“heh,Cuplis aku nurun jawabanmu. Aku ora bias nggarap kabeh. Pitakonan-pitakonan iki mumeti kabeh. Kene ndang cepet.” Kandhane Itak.


Nanging Cuplis ora nggagas omongane Itak,dheweke lagi sibuk maca wacan kang angel dingerteni tegese. Ngono kuei dumadakan Itak mbengok nganti pengawase mireng.
“woooo,,hla dhasar bocah pelit. Titeni kowe mengko yen bali.”
            “tenang! ana apa iki? Ora rebut-ribut!” pengawas ngaturi uninga.
Itak mung nyengir amarga isin,nanging tetep wae ngrusuhi Cuplis kanthi swara kang luwih alus.
            “mengko dhisik ta ya? Kowe ora weruh yen aku lagi maca?” kandhane Cuplis jengkel.
            “oo,,kowe wani nantang aku bocah ndesa!” Itak rumangsa ditantang.
            “iya,iya iki jawaban ku.” Cuplis menehi jawabane kanthi nyedhakake lembar jawabane ana ing sapinggiring papan panggonane supaya Itak bisa niru jawabane. Mesthi wae Cuplis jengkel. Merga keganggu,sawise Itak rampung anggone niru dheweke ngomong:
            “he Itak,yen kepengin  bisa nggarap kuwi sinahu ora ngrusuhi kancane kang lagi nggarap. Niru ya entuk,nanging ora kudu kabeh ta?”
            “wis,ora kokean ngomong. Wani-wanine kowe nyeramahi aku.” Itak rumagsa trima marang omongane Cuplis.



Bel tandha enteke wektu nggarap wis muni,bocah-bocah banjur maju siji-siji ngumpulake garapane lan metu sak ruangan banjur bali menyang omahe dhewe-dhewe.
            Tiba dina Sabtu,bocah-bocah seneng banget,amarga dina pungkasan semesteran. Bocah-bocah katon kendel angggone nggarap soal tes kuwi,nalika bel tandha rampunge wektu kanggo nggarap kabeh padha sumringah sajak lega banget. Banjur padha ngumpulake hasil garapane menyang meja pengawas ing ngarep kelas. Nanging bocah-bocah kelas XD ora langsung bali menyang omahe dhewe-dhewe,malah padha mlebu menyang kelas,Cuplis uga melu mlebu.
            Cuplis krasa yen kanca-kancane sajak ngematke dheweke terus,,kanthi ulat kang ora kepenak. Dumadakan Itak maju ana ing ngarep kelas lan kandha supaya kanca-kancane padha lungguh ana ing panggonane dhewe-dhewe.
            “he,,kanca-kanca ku kabeh,ayo padha lungguh menyang panggon mu dhewe-dhewe,ana kang prelu digarap ing kelas iki.” Prentahe Itak.
Bocah-bocah uga manut lungguh menyangpanggone dhewe-dhewe.
            “ngene hlo cah,,iki sajake ing kelas XD ana wong kang sok pengin dadi pahlawan. Mengkono kuwi gawe ati ku serik banget,wani-wanine dheweke nyeramahi aku.” Kandhane Itak sajak emosi,bocah-bocah liyane mung meneng pijer manut,amarga wedi karo Itak. Bareng ora ana sing gantian ngomong,Itak banjur ngomong maneh:


            “mesthine rak kowe kabeh penasaran ta sapa wong kuwi? Daklangsungake bae,bocah kuwi arane Cuplis! Bocah kang paling kemaki ing kelas iki.”
Wis mesthi wae Cuplis ora karuwan rasane,isin,kepengin nangis,kepengin nesu,nanging ora bisa dilakoni kabeh,dheweke mung meneng tanpa daya. Mripate wiwit mbrambang,nanging tetep usaha tegar. Kanca-kanca liyane pating plongo merga kaget,nanging sejatine bocah-bocah kuwi ngerti yen Cuplis dudu bocah kaya mengkono.
            “iki piye enake kon ngapa cah? Ayo ndang maju rene kowe Plis!” prentahe Itak.
Cuplis pijer manut,maju ana ing ngarepan kelas,dheweke krasa dheg-dhegan merga wedi yen kanca-kancane percaya marang omongane Itak kang ora bener kuwi.
            “wis,iki cah. . . delengna rupane. Bocah kok kemaki baget. Ora gelem mbagi ilmune kanggo kancane sing ora bisa. Malah nyeramahi aku. Ayo kowe sembah sungkem marang aku lan bocah-bocah kabeh!” prentahe Itak kanthi jengkel
            Cuplis manut,ngelakoni prentahe Itak,dheweke sembah sungke marang bocah XD kabeh,kanca-kancane sajak ora kepenak karo Culpis,merga padha ngerti yen Cuplis ora salah. Nanging bocah-bocah uga wedi karo panganacame Itak.




Cuplis krasa diisin-isinake ing ngrepe kanca-kancane kabeh. Dheweke rumangsa ora kuwat mbendung eluh kang kudune wis tumetes mau,banjur dheweke menyang kolah nangis nganti atine lega,lan bali menyang kelas maneh.
Amarga wis ora kuwat anggone nandhang rasa isin,Cuplis banjur bali menyang omahe,kamangka kanca-kancane isih ana ing njero kelas. Sawise tekan ngomah dheweke nyoba mikir maneh,apa iya dheweke kaya kuwi? Kaya  kang dikandhakake Itak marang kanca-kancane.
            Senin esuke bocah-bocah padha melu kegiyatan class meeting kang dianakake dening pengurus Osis,kabeh sejatine padha melu senajan ta perwakilan saka kelase dhewe-dhewe. Sabanjure kadadeyan kuwi,Cuplis dadi tansaya menengan,gaweane dhewekan. Kanca-kancane uga ora ana sing wani nyedhaki,merga wedi yen digagas karo Itak. Cuplis uga ngerti kahanan kang kaya mengkono kuwi,dhewekewis lila didohi kanca-kancane,dheweke uga ora duwe rasa cubriya  marang sapa bae.
Seminggu sawise semesteran lan wis bubar anggone Class Meeting,wektune bocah-bocah padha nampa rapot,wong tuwane padha teka menyang sekolahan kanggo njupuk rapot kuwi. Bocah-bocah katon sepaneng kabeh,nanging sabubare wong tuwane wis padha nampa rapote kabeh bocah-bovah katon ayem,amarga padha munggah kelas kabeh. Alhamdulilah Cuplis munggah ing kelas XI IPS kaya kang dikarepake. Cuplis rumangsa seneng bijine apik-apik,lan saya seneng maneh amarga wis ora bakal tunggal kelas maneh karo Itak.

           
Bagian II
          Saiki Cuplis wis kelas XI kanthi jurusan IPS,dheweke tunggal kelas maneh karo Ani,Ika,lan Tutik. Nanging apese,Itak uga melu tunggal kelas karo dheweke. Cuplis ora rumangsa cilik atine,dheweke tetep kaya Cuplis kang kelas X. Nanging tetep wae kadadeyan kuwi durung bisa dilalekake marang Cuplis.
            Kanca-kancane kang padha ngedohi Cuplis,saiki wiwit akrab maneh. Merga saka sifate kang sabar lan ora pilih-pilih anggone kekancan,mula dheweke disenengi marang kanca-kancane. Nalika Cuplis nggolek lungguhan ing bangku ngarep,dumadakan Tutik teka.
            “Plis,kowe lungguh bareng aku maneh ya?” kandhane Tutik.
            “iya Tik,aku pijer manut.” Wangsulane Cuplis kanthi mbesengut.
            “kenapa ta? Sajake kowe lagi akeh pikiran? Ayo cerita marang aku,Ika,lan Tutik.” Kandhane Ani sajak mesakake marang Cuplis,merga dheweke wis mudheng yen Cuplis isih mikir kadadeyan kang gawe serik atine.
            “eh,ora kok,aku lagi ora mikir apa-apa. Aku ngelih ayo menyang kantin?” kandhane Cuplis. Bocah papat menyang kantin bareng-bareng. Ana kantin kuwi ana Itak lan bocah lanang iyane. Cuplis katon ciut atine,mula banjur ngajak pindhah ing kantin liyane. Kanca-kancane pijer manut,jalaran wis mudheng yen Cuplis ora kepengin bareng karo Itak.
           

Sawise tekan kantin Ika ngomong:
            “Plis,wis ta? Anggepa Itak kuwi ora ana. Anggep wae kowe ora tau duwe urusan karo dheweke,kabeh bocah uga wis ngerti sejatine kaya apa Itak kuwi”
            “iya ka,aku kepengin banget bisa nglalikake kuwi kabeh. Nanging rasane abot banget,apa iya aku mengkono? Kaya kang dikandhakake Itak marang kowe kabeh? Padhahal rak aku mung kepengin Itak kuwi usaha,supaya pinter,ora nggantungake wong liya terus.” Wangsulane Cuplis.
            “iya,aku ga paham maksud mu iku apik Plis,nanging omongan mu ora bakal digagas karo Itak. Dheweke kuwi krasa yen paling bener dhewe. Dadi ora susah kaget yen ngerti kelakuwane Itak kaya mengkono.” Tutik nengahi.
            “iya,dakcoba nglaliake yen mengkono. Ayo ndang maem dhisik.” Kandhane Cuplis.
            Sing padha maem wis rampung,mula bocah papat kuwi mlebu menyang kelas maneh. Kahanan ing kelas XI wis beda banget karo kahanan ing kelas X dhisik,bocah-bocahe kepenak,senajan ta isih ana Itak. Nanging ing kelas XI iki Itak ora tau gawe gegeran,dheweke katon alim. Kanca-kanca sak gerombolane wektu kelas X padha misah,ora nunggal kelas,mula dheweke krasa ora ana kanca kanggo gegeran maneh. Ing saben dinane malah dheweke katon sregep,wis gelem nggarap PR lan liya-liyane dhewe. Ora gumantung marang kancane maneh.

           

Weruh babagan kang kaya mengkono kuwi Cuplis krasa seneng,merga dheweke rumangsa kasil anggone nyadharake Itak. Kagete maneh wektu bali sekolah dheweke ngomong supaya Cuplis ora bali dhisik. Lah,mengkono kuwi Cuplis wis wedi banget. Dheweke wedi yen bakal diisin-isinke marang Itak maneh. Ora kaya pamikire Cuplis jebul Itak malah nyedhali dheweke,kanthi ngomong:
            “Plis,pangapurane ya? Aku wis sadhar saiki. Yen dadi awak ku dhewe iku luwih apik. Yen ora ngrepoti liyan kuwi luwih seneng. Kowe gelem ta ngapurani aku?”
Cuplis mlongo,banjur ngomong :
            “em,em,iya iya Tak,aku wis ngapurani kowe kok tak. Kang kaya mengkono kuwi aja mbog baleni maneh ya? Wis aku wae kang ngrasakake.”
            “iya Plis,aku uga matur nuwun baget marang kowe. Kowe wis bisa gawe sadhare aku. Bapak,ibu ku kuwi ngragati aku tenanan,nanging aku malah gluwehan. Saiki aku  janji,bakal dadi awak ku dhewe,ora bakal ngrusuhi kanca-kanca ku kaeh. Kandhane Itak sajak gela.
            “iya,iya. . .padha-padha Tak,wis ya? Anggep wae ora ana masalah.” Kandhane Cuplis.
Kalorone padha salaman lan sineksenan bocah-bocah sak kelas. Kabeh padha keplok tangan amarga seneng weruh kalorone rukun.


            Bubar kadadeyan kuwi Itak lan Cuplis tansaya raket,nganti nggarap PR lan tugas-tugas wae bareng. Menyang ngendi wae mesthi bareng,Itak wis beda karo Itak kang jaman kelas X dhisik. Wis katon dewasa lan bijaksana. Malah merga saka pamikire kag wis luwih dewasa lan bijaksana kuwi dheweke didadekake ketua kelas.
Ing kene,bocah loro kuwi krasa tansaya raket,lan sajake kalorone duweni rasa kang padha. Padha-padha seneng lan sreg. Saka logate lan solahe katon banget yen antarane Itak lan Cuplis kuwi seneng padha seneng. Nanging kalorone ora ngaku yen ditakoni kanca-kancane. Padhahal wis katon cetha wela-wela. Bocah-bocah uga ora kepengin meksa bocah loro kuwi ngakoni yen lagi padha nandang katresnan.
            Ora krasa setahun kuwi cepet banget,kurang 2 minggu maneh bocah-bocah bakal ngancik ing kelas XII. Ana ing saben dinane bocah-bocah katon adem,ayem lan tentrem tanpa masalah apa-apa. Nganti mangsane ujian akhir semester lan kegiyatan tampa rapot maneh.
            Bocah-bocah munggah kelas kabeh ing kelas XII IPS. Bocah-bocahe ya mung wutuh kuwi-kuwi bae. Amarga ora diowahi maneh. Bocah-bocah malah seneng amarga ora kudu sosialisasi maneh kaya dhisik jalaran wis padha kenal uga akrab.




           
Bagian III
            Dina sepisanan mlebu ing kelas XII katon rame banget,bocah-bocahe uga sumringah merga saking bungahe anggone munggah kelas. Swara guyu lan gojegane bocah-bocah minangka pratandha yen lagi bungah banget. Apa maneh bocah-bocahe ora diowahi,mula wis katon raket banget anggone kekancan lan gegojegan. Saya suwi saya gayeng anggone guyon. Sing digagas ya ana bae,ora ana mandhege anggone padha pacelathon.
            Mata pelajaran kapisan diwiwiti,bocah-bocah anteng ora ana sing gojeg maneh. Kabeh nggatekake guru kang lagi ngendikan ana ing ngarep. Kahanan kaya mengkono kuwi dadi pratandha yen bocah-bocah sadhar anggone wis kelas XII kang sedhelo maneh bakal nemoni ujian. Kelas XII iku bakal krasa cepet banget,amarga wektune mung sithik,ora ana setahun malah. Mula bocah-bocah padha sadar yen dheweke kudu ngowahi kabiyasan kang ora becik kayata mbolos lan liya-liyane. Dadi bocah kelas XII iku sejatine kudu tanggung jawab lan prihatin.
            Mata pelajaran kang pisanan iku Basa Jawa,kahanan kelas kang maune ayem tentrem dumadakan dadi geger lan kemruyek kadya swara lemut kang ngiring. Jalaran Pak Joko,guru Basa Jawa ndhawuhi bocah-bocah supaya gawe geguritan 1 saben bocah,lan diwaca maju ing ngarep kelas siji mboko siji. Kamangka kudu diwaca dina iki uga.
“cah,mau wis dakterangake babagan geguritan ta? Kowe kabeh uga wis padha ngerti ta apa kuwi geguriyan,carane gawe geguritan,uga cara maca geguritan? Mula aku kepengin kowe kabeh saiki gawe geguritan nganggo basa mu dhewe,ora kudu akeh lan dawa,nanging saben bocah 1,ora kena padha karo kancane.
Dakparingi wektu 1 setengah jam kanggo gawe,banjur kokwaca siji-siji ing ngarep.”
            ‘ah. . . boten saget pak guru.” Kandhane bocah-bocah bebarengan.
He,kowe kabeh kan isih enom ta? Mesthi wae pinter yeng gawe geguritan. Pamikir mu kabeh mesthi luwih pinter tinimbang aku. Biyasane bocah enom kuwi seneng banget yen gawe tetembungan nganggo tema percintaan. Ayo kowe kabeh mesthi bisa.”
Kanthi rasa abot bocah-bocah nindakake dhawuhe Pak Joko.
            “aduh,aduh,kepiye iki cah? Aku ora bisa gawe geguritan.” Kandhane Ani sajak mumet.
            “lah,ya padha yen mengkono an. Apa maneh aku ta? Wong basa jawa wae akeh kang during tak ngerteni kok.” Sambunge Ika.
            “nana nina sur sur. Wis ta cah,dhewe dadi murid kudu manut marang dhawuhe guru. Ayo ndang digarap supaya rampung. Ayo,ayo awake dhewe mesthi bisa,aja nyerah dhisik.” Cuplis nyelani.
            “alah,kowe pancen wisp inter Plis,hla awake dhewe wae bingung anggone milih irah-irahan,apa maneh gawe geguritane? Kamangka wektune mung 1 jam setengah.” Kandhane Tutik sajak bingung.
            “iya Plis,kowe wis bisa. Hla aku lan bocah liyane bakal kangelan banget anggone ngolah basa. Kepiye iki?” Itak melu ngangluh.

            “he kowe kanca-kanca ku kabeh,ayo ta sinau bareng-bareng. Aja mung pasrah. Yen awake dhewe muni ora bisa mengko bakal ora bisa tenan,merga Otake dhewe kuwi terangsang karo pocapane dhewe kang ngomong ora bisa mau,nanging yen awake dhewe yakin bisa,mesthi bisa tenan. Ayo ta dicoba dhisik.” Cuplis nyemangati kanca-kancane.
Wusana bocah-bocah manut marang kandhane cuplis,kabeh padha gawe geguritan senajan ta isih ana kang tokan-takon bae. Nanging Cuplis mangsuli kanthi sabar. Wektu wis entek 1 jam,nanging ana uga kang during dadi anggone gawe geguritan.
            “ayo,wektune wis entek cah. Ndang padha majuo siji-siji. Aku dakngerti karyamu kabeh.” Ngendikane Pak Joko.
            “mangkih riyin Pak,kula dereng rampung anggenipun damel.” Kandhane Itak.
            “wis 1 jam iki hlo ya? Kok iseih during dadi ta?” Pak guru nengahi.
            “nana nina sur,sur. .  kula sampun dados pak guru. Kula majeng nggih pak?” kandhane Cuplis katon bungah banget.
            “wah,wah,dene wis dadi kowe Plis,ayto ndang maju. Kowe gawe gegutitan kanthi tema apa? Coba mreneya.” Dhawuhe Pak Joko.
            “he he he, kula damel geguritan kanthi tema ingkang boten asing pak.” Kandhane Cuplis kanthi isin-isin.
            “wo,hla. . . jebul cuplis lagi nandhang asmara ta? Katitik saka geguritan mu iku plis.” Pak joko nggluweh.
            “aduh,Pak guru sampun ta? Kula isin pak. Pun lajengaken maos mawon nggih pak?” Cuplis meksa.
            “ya,ya,ndang diwaca. Pengin krungu aku. Cah,padha rungokna kanca mu kanga rep nggurit.” Dhawuhe pak Joko.
Cuplis wiwit nata awake dhewe,supaya anggone nggurit kaya apa kang dikarepake gurune. Dheweke sibuk nata intonasi lan swarane. Kamangka rasa ndredheg ora bisa kabendung,nanging dheweke nyoba tenang lan konsentrasi. Pungkasane Cuplis wiwit maca geguritane.
Pepujan ku. . .
Yen mengko aku tiba,tulungana aku,
Obatana tatu ku,elapana pipi ku kang kena tetesing eluh,
Yen mripat ku wuta anggone nglakoni urip,
Tuntuna aku,nganggo cahya setyamu,
Supaya ora kesasar anggon ku mlaku,
Yen aku duka,ajarana aku manggih bagya,
Yen aku ora duwe daya,
Papaga aku,aja mbok tinggalna,
Nanging yen aku mati,
Aja nganti eluhmu netes ing pipi,

Merga aku ora bisa tangi,kanggo ngelapi eluh mu
Aja sumelang aku ninggal awakmu,
Merga aku ora bakal lunga saka atimu,
Nganti awak mu dhewe kang njaluk,aku lunga saka atimu.
Sanalika kabeh kang krungu geguritan mau padha ndomblong.ora kumecap lan ora kumedhep babar pisan. Kabeh padha kagawa suwasana,padha gumun karo Cuplis kang lagi nggurit. Nanging ora suwe keprungu keplok tangan kang rame banget saka kanca-kancane lan Pak Joko,gurune.
            “horeeeeeee! Cuplis hebaaat.” Kandhane bocah-bocah.
            “wah,mongkog tenan aku marang sliramu Plis. Pinter tenan anggonmu gawe geguritan,tur anggonmu maca uga wis apik banget. Yen mengkono kowe sesuk bisa dakdaftarake lomba nggurit ya,wani ta?” dhawuhe pak Joko kanthi gumun lan bugah.
            “aduh,niki rak mung kebenran mawon pak. Dereng mesthi kula saget menang menawi ndherek lomba.” Kandhane cuplis ora percaya dhiri.
            “alah,ora. Aku yakin kowe bisa. Dienteni kabare ya? Mengko dakomongake marang guru-guru liyane. Ooo iya,merga wektune wis entek,mula nggurit iki dakterusake minggu ngarep ya? Kabeh kudu wis sumadya maju.” Kandhane Pak joko kanthi metu saka kelas menyang kantor guru.

            Bocah-bocah banjur nyedhak marang lungguhane Cuplis. Dumadakan padha nggasaki cuplis kabeh. Itak uga melu nyedhak ora gelem ketinggalan.
            “he Plis,cuplis,kuwi geguritan kanggo sapa ya? Kanggo Itah ta? hahahah
Ayo ngaku.” Kanca-kancane padha nggluweh.
            ‘e,e. . . ray a? aja ngawur ta? Cuplis mesam-mesem.
            “alah? Wis katon kuwi saka esem mu kang pahit madu,hahah.” Kanca-kancane saya nggasaki.
“apa ta cah? Kok malah nggawa-nggawa jeneng ku?” Itak teka.
            “wo hla iki bocahe teka,wis ta Tak ora kesuwen. Ndang cepet ditembak selak disrubut liyane. Ha ha ha.” Kandhane Gaga kanca tunggal kelas.
            “waduh,kowe kabeh lagi padha ngimpi ta cah? Yen daktembak mengko mati rak aku sing disalahke womg tuwane ta?” Itak nggluweh.
            “alah,kesuwen kowe Tak,ayo plis kowe dadi pacar ku wae.” Kandhane Yogi
            “e,e. . .ora bisa. . .Cuplis kuwi kanggo aku.” Itak kecelposan anggone ngomong.
            “hlaaaaa? Ngaku ta ? hahah. . . “ bocah-bocah rumangsa menang.
            Krungu kaya mengkono kuwi Cuplis uga melu ngguyu.
Dheweke rumangsa bungah karo apa kang dikandhakake Itak mau. Dheweke uga ora bisa goroh yen tresna marang Itak. Semana uga Itak,dheweke wis kadung tresna marang Cuplis. Lan wis sineksenan kanca-kancane anggone dheweke keceplosan mau.
            “tembak,tembak,tembak. . .” bocah-bocah bengok-bengok.
            “sssttt,,aja keseron ta cah? Isin yen keprungu tangga kelas.” Kandhane Itak.
            “ah,ora dadi masalah? Kenap Tak? Kowe isinyen dirasani tangga kelas? Geng kok nandhang katresnan,ngono? Ha ha ha. . .” selane Gaga
            “ora ngono Ga,ya mung isin wae. He he he.” Itak cengar-cengir.
            “ndang cepet ditembung kuwi Cuplis,bocah-bocah wis padha ngerti kok yen kowe kuwi seneng tenan marang Cuplis,semana uga Cuplis marang kowe. Sarujuk pkoke.” Kandhane Gaga kanthi lirih.
            “ya,pengen ngono Ga. Ning aku wedi mbok menawa ditampik.” Kandhane Itak lirih.
            “wis ta percaya aku,ora bakal Cuplis nampik kowe.” Kandhane Gaga.
            Itak bingung kepriye carane ngomong marang Cuplis kanthi kahanan bocah-bocah isih padha ngrubung lan terus nggasaki. Nanging dheweke wani maju maneh bareng diomongi marang Gaga. Dumadakan Itak ngomong:
            “cah,tulung rungokna aku ya? Kowe kabeh bakal dadi seksi ku.”

Bocah-bocah sajak ora mudheng karo apa kang dikandhakake Itak mau,nanging bocah-bocah meneng,ngrungokake kabeh.
            “Plis,kowe ngerti ta sasuwene iki aku mendhem rasa ku marang kowe? Mesthi bae dudu rasa kang biyasa. Aku ya mudheng yen kowe uga duwe rasa kang padha kaya aku ta? Mula kowe gelem ora yen dadi pacar ku? Aku janji neng nagrepe bocah-bocah. Aku bakal setiya,aku bakal nuruti kabeh panjaluk mu,aku bakal nglakoni apa bae kanggo kowe.” Itak wiwit nembung.
            “ciyeeeeeee? Ihir,ihir,prikitiew. Tampa,tampa,tampa.” Bocah-bocah padha nyuraki.
            “cah,aja rame-rame ta?” kandhane Itak.
            “emmm,,anu. Aduh,kepiye ya? Aku bingung. Ngene Tak,iya pancen dakakoni aku uga padha karo kowe. Aku pancen duweni rasa kang luwih karo kowe dibandhing karo kanca liyane. Jujur wae ya? Aku tresna karo kowe. Iya aku gelem dadi pacarmu.”
            “asik,asik,ayo kembul bujana cah. . .” kandhane bocah-bocah karo kelpok tangan sajak bungah lan marem banget krungu apa kang dikandhakake marang Cuplis.
            “ha ha ha,yes,yes,yes. . .nuwun ya Plis.” Kandhane Itak.
            “iya.” Cuplis mangsuli.
            Merga wis awan lan mangsane bali,mula bocah0bocah enggal-enggal bubar lan umbyung menyang parkiran.
Semana uga Itak lan Cuplis,katon sumringah banget,jalaran dina iki kalorone resmi pacaran. Kalorone bali bareng senajan ta ora tunggal pit motor. Itak bali karo Gaga ewondene Cuplis bali karo tutik.
            Ing dina candhake bocah-bocah katon kendel anggone mangkat sekolah,jalaran uga melu seneng karo resmine Itak lan Cuplis pacaran. Saben dinane bocah loro kuwi tansaya raket lan mesra. Disawang uga nyenengake banget. Kajaba kuwi,Itak uga wis malih dadi Itak kang alim. Dheweke rutin melu kegiyatan kang dianakake marang sekolahan,kayata mujahadahan,sholat dhuha berjamaah,lan liya-liyane. PR lan tugas-tugas uga ora tau numpuk,mesthi digarap bareng karo Cuplis. Prestasine uga mundhak,kuwi tandhane Cuplis kasil anggone ngowahi Itak kang mbiyen ora kaya mengkono.
            Nganti tiba ujian,kalorone isih tetep raket. Malah tansaya katon nggatekake siji lan sijine. Cuplis lan Itak podho-podho ngelingake yen wayahe sinahu,sholat,lan liya-liyane. Malah bocah-bocah uga melu nggabung dadi kelompok sinahu kanggo ngadhepi ujian nasiyonal. Amarga padha krasa ana kang prelu didandani anggone sinahu. Kelas XII wis dudu wektu kanggo dolanan maneh,wis wayahe mikir urip. Bubar SMA mengko bakal kerja utawa kuliah,iku kabeh miturut pribadhine dhewe-dhewe.
            Cuplis lan Itak duweni gegayuhan arep kuliah sawise lulus SMA,dheweke wis melu daftar SNMPTN  jalur undhangan ing UNNES,dheweke kepengin njupuk jurusan bahasa. Kang  dadi pilihan utama yaiku jurusan Pendidikan Bahasa Jawa,kaping pindho jurusan Pendidikan Bahasa inggris lan pungkasan Pendidikan Bahasa Prancis.

Dene kang dadi kepenginane,dheweke dadi guru Basa Jawa,merga saka kasenengane marang Basa Jawa. Cuplis pancen saka jaman SD wis kerep dicekoki Basa Jawa,utamane aksara Jawa. Mula dheweke seneng banget anggone nulis nganggo aksara Jawa.
Beda karo cuplis kang kepengin dadi bocah FBS,Itak njupuk jurusan PJKR ana ing FIK. Dheweke pancen seneng olah raga,amarga Bapake uga guru olah raga. Dene pengumuman SNMPTN sedina sawise pengumuman UN.
            UN diwiwiti esuk iki,kanthi mata pelajaran Bahasa Indonesia. Bocah-bocah ora katon kaku,kabeh tenang,ora ana kang kumecap maneh ngenteni pengawas mbagi soal lan LJK. Nanging mesthi wae dheg-dhegan ing atine. Merga ujiyan iki kang bakal nentokake lulus lan orane bocah-bocah.
            “Plis,yen aku ora bisa tulung direwangi ya?” kandhane kanca-kancane Cuplis padha nyeluki Cuplis kabeh.
            “iya,iya. Gampang. Aku mesthi eling kok marang kowe kabeh cah.” Cuplis mangsuli kanthi mesem.
Itak katon anteng banget,ora geger kaya dhisik yen semesteran maneh. Dheweke wis rumangsa siyaga anggone ngadhepi ujiyan iki. Merga wis disiyagakake bengine kanthi cara sinahu lan donga marang Gusti Allah.
            UN pisanan,katindakake kanthi lancer lan ora ana kang ngangluh ana masalah. Dene dina candhake uga gancar anggone bocah-bocah nggarap soal UN lan ora ana kecurangan sasuwene nggarap. Malah mundhak dina mundhak yakin anggone mlangkah.

Nganti tiba dina pungkasan UN bocah-bocah isih tetep sumringah sajak ora ana masalah karo soal-soale.
            Wusana UN wis pungkasan,bocah-bocah prei sasuwene kurang luwih sewulan kanggo ngenteni pengumuman lan hasil kerjane sasuwene 3 tahun ing SMA kuwi. Mesthi bae dheg-dhegan ora karuwan. Kamngka sewula kuwi bakal krasa suwe yen ngenteni barang kang padha karo nyawane bocah-bocah SMA N 1 Karang Anom. Kabeh padha donga-dinonga marang sapadha-padha. Merga mung kuwi cara siji-sijine kang kudu ditindakake sawise usaha.
            Sewulan wis lewat,saiki wayahe bocah-bocah padha ndredheg ngenteni hasil UN. Wong tuwane diundangi siji-siji ing kelase dhewe-dhewe. Cuplis,Itak lan kanca-kancane podho meneng kabeh,ora ana sing wani kumecap sak tembunga. Siji mboko siji jenege padha diceluki,lan wong tuwane padha ngadhep marang wali kelas,banjur metu padha nggoleki putra-putine lan mbukak  amplop kang kaisi dening tulisan lulus. Mengkono kuwi mlaku terus nganti tiba gilirane Cuplis. Nalika jenenge diceluk,dheweke krasa anyes ing sakabehing awake. Nanging dheweke tetep sabar lan konsentrasi,Bapake kang maju lan mbukak amplop kuwi,lan amplop kuwi kaisi dening tulisan lulus uga.
            Kepriye monkoge wong tuwane Cuplis,Cuplis uga bungah banget merga hasil UN ora gawe cuwa atine. Ewondene Itak lagi dheg-dhegan pisan,merga bapakne uga lagi mbukak amplop kang nemeb wae diparingake marang wali kelas. Naging kabeh lulus. Bocah-bocah krasa marem lan bungah banget. Mula kabeh guru lan bocah padha sujud syukur bebarengan ing lapangan kang biyasa kanggo upacara.

            Minangka rasa syukur,pihak saka sekolahan nganakake syukuran bareng wengi iki. Kanthi kembul bujana lan ingkungan. Mesthi bae wis padha lega,saiki wektune padha nerusake pamikire dhewe-dhewe arep kuliah apa kerja.
            Sedina sawise pengumuman UN,Cuplis kudu bdredheg maneh jalaran nunggu pengumuman SNMPTN UNNES. Dheweke mantep yen bakal ditampa ing UNNES. Mula optimis. Wayah jam 11 bengi Cuplis mbukak alamat kang dingo nonton pengumuman SNMPTN undangan kuwi,nalika username lan password dilebokake,kaya apa kagete. Cuplis ketampa ing UNNES kanthi jurusan Pendidikan Bahasa dan Sastra Jawa.
            Saking mongkoge,dheweke nganti jingkrak-jingkrak ing kasur. Wong tuwane uga melu bungah ngerti kahanan kang kaya mengkono kuwi. Semana uga Itak,dheweke uga ketampa ing UNNES kanthi jurusan PJKR. Pungkasane Cuplis lan Itak kuliah ana ing UNNES. 









           

           
           













PAMBUKA
          Assalamu’alaikum Wr. Wb.
            Puji syukur kula aturaken gunging panuwun dumateng:
1.    Allah SWT,ingkang sampun kersa paring berkat,rahmat,saha inayahipun nalika kula wiwit nyerat buku punika ngantos purna anggenipun  nyerat.
2.    Ibu Prembayun Miji Lestari minangka Dosen pengampu mata kuliah Menulis.
3.    Kanca-kanca ingkang sampun paring panyemangat,pambiyantu uga panguda rasa. pramila kula minangka panyerat saget ambabar buku kanthi irah-irahan “Tresna Ora Dinyana”punika.
            Kula nglenggana bilih buku punika kathah kirangipun,pramila panyuwun kula mugi sampun kiranging pamengkunipun para nupiksa,jer sedaya kekirangan punika sajatosipun inggih namung jejangkep menggahing pambudidaya.
Ing wusana sumangga nglajengaken lampah anggenipun marsudi amrih lebeting kagunan kita ing babagan bahasa saha sastra Jawi,saengga tetep lestari,kuncara lan ngrembaka hanjayeng bawana.
Nuwun,akhirul kalam,billahi taufik wal hidayah.
Wassalamu’alaikum Wr. Wb.
                                                                               Semarang, 17 Juni 2012,
                                                                           Panyerat
PRATELAN ISI BUKU

1.       Pambuka                       ...............................................................         i
2.       Pratelan Isi Buku          ...............................................................                     ii
3.       Tresna Ora Dinyana
3.1.             Bagian  I           ................................................................        1
3.2.             Bagian II          ................................................................        14
3.3.             Bagian III         ...............................................................         18










Riwayat Penulis

Sulistiyowati, mijil wonten ing Kendal,Jawi Tengah,18 Maret 1993. Putri pambayun,anggadhahi rayi 2. Nate sekolah wonten ing SD N 1 Surokonto wetan,lulus tahun 2005;SMP N 1  Sukorejo,lulus tahun 2008;SMA N 1 Sukorejo,lulus tahun 2011. Samenika tasih dados mahasiswi wonten ing Fakultas Bahasa dan Seni,kanthi jurusan Pendidikan Bahasa lan Sastra Jawi,UNNES.





























TRESNA ORA DINYANA










Rinacik dening
Sulistiyowati





No comments:

Post a Comment