Monday, June 9, 2014

Tembang Slamet

ASMARADANA DONGA SLAMET
                                                Sinerat dening widodo BS



Hamiwiti puja bekti
Sembah mring Hyang Maha Nasa
Rama ibu ping kalihe
Katur konjuk mring pra dwija
Panutuning agesang
Pinundhi ing siang dalu
Sinembah ing saben mangsa

Leluhur pepundhen sami
Danyang pangrekseng panggonan
Bumi banyu watu wite
Ing indhenging Tanah Jawa
Miwahing Nuswantara
Sun puja pundi mrih luhur
Luhur asalaminira
Pusakanira tan lali
Kayu watu wesi mantra
Satwarecalan kitabe
Tilaran empu pujangga
Dwija brahmana raja
Sun ruwat rumating kalbu
Kinarya sambunging rasa

Cinupet puja lan bekti
Lepat nyuwun pangaksama
Lumuntur pangapurane
Miwah paring pangayoman
Mring putra wayah samya
Berkah pangertu sun suwun
Sanguh anetepi darma






 MIJIL BIMASUCI


Hyang Baruna Hyang Indra Dewadi
Kidir Pamonginggong
Kanjeng Ratu Kencana sarine
Nyai Lanjar Sahid Jaga Kali
Dhedhanyanging warih
Sun puja pukulun

Aduh Gusti lilanana mami
Ajamas myang ciblon
Sumber agung kang wening warihe
Saranane reresik sesuci
Lahir miwah batin
Njalaran aluhur


KINANTHI PUJA BHEKTI
 Hong mastuhu jati agung
Bawana langgeng murwani
Purwaning patrap panembah
Manembah asalireki
Asalira saking paran
Ya sangkanira dumadi

Dedunung ing awang-uwung
Suwung asawang asepi
Pinasthi kang gawe gesang
Sunaring ngaurip manjing
Manjing marang biyung bapa
Pinurwa kridha saresmi

Mani manunggal rah ibu
Bubuka manitis wiji
Wijilnya mawujud jabang
Bang bayi bangkit tumuli
Tumitah ing alam padhang
Anyandhang wajibing urip
Sumurupa sira kulup
Mring asal usulireki
Karya dhasaring panembah
Manembah mring yayah wibi
Yeku Gusti katon mlela
Wajib pinuja binekti

Tumunten puji tumuju
Jejer lajer trah manginggil
Kaki nini buyut canggah
Wareng udheg siwur ugi
Gantung Siwur haywa lena
Kinurmat pinujabekti

Tarangan Bodhol trusipun
Debog Bosok datan lali
Galih Asemira uga
Gropak Senthe amungkasi
Mangkono sebatanira
Leluhur kita sasami












No comments:

Post a Comment