Friday, June 13, 2014


KACANG LALI MARANG KULIT
Dening: Sulistiyowati
Duk jaman semana
Aku lan kowe adu panjangka
“kira-kira suk mben awake dhewe dadi apa ya?”
Sinambi nyawang cahyaning candra ing akasa
Lan kaelokaning kartika ing dhuwur kana
“aku bakal dadi pejabat!”
Tembung mu nalika semana
Saiki impen mu wis dadi nyata
Ora mung lemah mu kang amba
Nanging, sliramu uga kemulan bandha donya
e… aja kok lalekna
Aku kang minangka pawong mitra
Pranyata?
Kentheling memitran, gumanti dadi ala
Sapa aruh wis ora ana
Arep gegojegan? Wis beda Kasta
Sing ana...
Aku lunga kowe teka
Aku teka kowe lunga
Ya ngono iku wong wis mulya
            Yen krasa enak, aja njur lali anak, lali bojo, lali tangga, apa maneh lali kanca!
            Aja dumeh ya!
            Nadyan kowe sugih bandha
            Aku ra bakal gela
            Merga bandha donya
            Yen mati ora ginawa





No comments:

Post a Comment