Friday, June 13, 2014

Keplok Sisih

KEPLOK SISIH ASTA
Makmuring ati ku ora kaya makmuring Nagara
Ati iki tansah nelangsa, kelara-lara gegara tresna
Sapa sing bisa ngira rasa iki bakal tumeka?
Wahyaning mangsa kala wis gumanti
Anjangkah saya merek ati iki
Hanyengkuyung dhadha kang kebak pangrasa kanthi ngati-ati
Yekti ingaranan tresna rasa iki
Urip kaya dene sapu ilang suhe tanpa tresnamu, gegandhulaning ati
Dene piwales rasa mu nora tahu daktemoni
Utawa pancen sengaja koktutup jendhelaning ati?
Wicaksana, apa pancen arep ngedohi?
Ewadene nora entuk piwales nganti saiki
Kekeh atiku sedya ngenteni
Eman rasane yen tangan mu nora bisa dakkanthi
Sok ngonoa, sliramu kadya januring klapa kang ngawe-awe
Aku mara tenanan, sliramu amung sepele
Pratandha apa kadadeyan iku?
Apa pancen aku nora tinulis ing takdirmu?
Ya, ya… aku nora meksa!
Aku bakal ngenteni sliramu kang mara
lan nggawa aku marang wigatining tresna







No comments:

Post a Comment