Thursday, June 12, 2014

Jurusan ku

JURUSANKU
Dening: Sulistiyowati

Gumludhug kadya gitaning udan
Kang nyamber wengi ing mangsa rendheng iki
Swarane wong-wong kang nora ngerti
Marang ajining jurusanku saiki
Wis meh saben wong muna-muni
Yen jurusanku wis nora jamani

            Apa maneh rumaja jaman saiki
            Kang nora weruh unggah-ungguh myang tata krami
            Kabeh kagawa dening modernisasi
            Kabudayane dhewe wiwit diilangi
Senajan mangkana, aku nora lara ati
Merga aku dhewe wis ngerti
Kaya apa sejatine jurusanku iki

            Sopan tindak-tanduke
            Uga alus luhur tuture
            Iku panjangka kang dhemenake
            Durung mesthi kabeh wong anggatekake
            Mula aku percaya marang jurusanku dhewe
            Pranyata bisa gawe becik budi pakertining sapa bae







No comments:

Post a Comment