Wednesday, June 11, 2014

NGLENGGAHAKEN TEMANTEN PUTRI

NGLENGGAHAKEN TEMANTEN PUTRI
          Mencorong pindha barleyan sumorot pindha srengenge, lah menika ta atmaja sri penganten putri nimas ayu Aida Noer Fadilah jengkar saking sasana tepas wangi, kinanthi manjing ing sasana kursi rinengga. Tepas mengku werdi papan utawa panggenan, wangi wus hangarani. Yekti sang pinang nganten putri pinunjuling warni. Bebasan pucuk rambut tumekaning pada ampeyan tan wonten kuciwanipun. Dhasar sulistyo ing warna, kawimbuhan solah bawa ingkang luwes, kewes pantes marak ati. Sinarengan ganda arum kongas hangambar sasat hangabekti sasana pahargyan pawiwahan agung ing titi wanci punika. Apa ta agemanira?
angagem cundhuk mentul ingkang winangun cundhuk wulan tumanggal, ebah-ebah kinarya lumampah, pindhane warara kang ngawe-awe marang pacangane. Ukel rinengga puspita katumpangaken ing jaja pindhane teksaka ingkang nedheng lumampah. Ageman kebayak warni cemeng sinulam benang emas, dhasar angagem sangsangan rukmi, mila kasoroting pandham pating calorot pating galebyar kaya lintang aliyan.
Sinjang sidomukti kacetha bilih sri penganten nedya nggayuh kamukten gesangipun. Ngagem canela warna langking sinulam benang emas. Lumaksana lon-lonan, yen cinandra tanpa beda prameswari nata.
Nalika semana, risang temanten putri wis lenggah anggana raras. Jroning manah hamung tansah hangengrantu rawuhipun kang garwa.








TEMANTEN KAKUNG RAWUH

          Bagus warnane, anom dhasare tur sembada wiratama nenggih menika ta risang penganten kakung pun bagus Puji Purwanto.
Saksana gya jumangkah lumaksana rinayap rayap lon-lonan damyak-damyak lampahira, saya dangu saya cetha, saya cedhak saya ngegla saksana gya tumuju mring wiwaraning sasana hargya. Apa ta agemanira?
Ngagem dhestar pinarada mas byur, sesumping kembang kanthil, kekalung mlathi rinonce. Agemanira cemeng sinulam benang emas sami lan kang garwa. Paningset cindhe, epek baludru, wangkingan warangka ladrang ukiran nunggak semi. Ponang kang wrangka pinaringan sekar mlathi, ebah-ebah kinarya lumampah tanpa beda jejaka kang ngawe-awe marang pacangane.
Sinjang sidomukti sami lan kang garwa kinasih, canela warni cemeng nggameng. Bagus bergas tanpa beda kaya narendra gung ingkang nedya sinewaka.
Risang penganten kakung binayang karya dening para pangarak, pangarih, pangombyonging penganten saking keluarga ageng bapa Wahyu Haryadi sarimbit, ingkang kapandegan dening juru pasrah anenggih ibu Yoke Ana Marlina.
Jroning kapti sangyaning para pangarak, sanak kadang penderek kang wus samapta ing gati anggenipun badhe anjenengi miwah angestreni ngantos dumugi purnaning pahargyan.
Lenging cipta esthining penggalih risang penganten kakung satuhu mangastungkara hanamung tumuju mring Gusti ingkang Maha mirah miwah maha Asih. Mugi-mugi kepareng paring sih kanugrahan anggenipun risang penganten sakloron badhe amangun bale wisma, mugi kasembadan dadiya balewisma ingkang sakinah, mawadah warahmah wal barokah linuludan ing drajat semat kramat, sarta sinandhang ing suka basuki wirya widodo nir ing sambikala, tansah linambaran raos silih asih, silih asah miwah silih asuh.

Nalika semana, denya lumampah sampun dumugi ing papan pawiwahan, tumunten kaadani titilaksana upacara pasrah panampi penganten kakung. Nuwun.

No comments:

Post a Comment