Thursday, June 12, 2014

Unnes

Unnes
Dening: Sulistiyowati

Senajan dunungmu aneng desa
Nora teges iku ala
Senajan dunungmu aneng gunung
Nanging dadi pakumpulaning brayat agung
Gegayuhanmu dadi Universitas Konservasi
Nuwuhake kaanan kampus katon asri
Saiki tan ana pit motor kang wira-wiri
Mahasiswa uga Dhosen migunakake bis kang wis dicawisi
Kanggo ngelongi cacahing polusi
Lan bebarengan ngreksa jagad iki
Pancen nyata UNNES kuwi
Kampus asri
Minangka Universitas Konservasi











No comments:

Post a Comment