Dumadine
Desa Surokonto
(Kecamatan Pageruyung, Kabupaten Kendal)
Miturut
panemune para nara sumber, larah-larahe Desa Surokonto yaiku kawiwitan saka tumekane
Ki Joko Suro minangka Senopati Kadhipaten Surakartambalelo amarga ana prekara
kang gawe dheweke cuwa banjur nglungani Kadhipaten.Ki Joko Suro kuwi minangka
katurunaning Wali.Sawise regejegan ing Kadhipaten, Ki Joko Suro ditundhung metu
saka kadhipaten, banjur dheweke duweni gegayuhan arep ngumbara. Garwane Ki Joko
Suro kang cacah loro melu nglungani kadhiapaten merga rasa tresnane marang
garwa kinasihe lan arep melu ngumbara. Nanging, sadurunge mangkat anggone
ngumbara, salah sijine abdi dalem ing kadhipaten menehi ngerti marang Ki Joko Suro
supaya dheweke ora ngumbara menyang panggonan kang arahe mangalor, amarga bakal
nemu pepalang kang gawe rekasa anggone ngumbara.Ki Joko ngono pancen kondhang
mantepe.Kaya-kaya ora ana kang bisa ngalangi lngane.Diomongi kaya mangkono iku,
dheweke malah penasaran banjur mlaku ngumbara mangalor.Nganti tekan ing alas
gung liwang-liwung, manggon ing sandhuwure bukit uga durung ana kauripan kang
diarani alas Tawing.Embuh apa kang narik kawigatene Ki Joko Suro, nganti
dheweke seneng marang papan kono, lan tumekane dheweke ing kono didadekake
minangka papan kang pungkasan ing sajrone dheweke ngumbara sasuwene iki.
Sawise tekan
papan kono mau, Ki Joko Suro duweni pangangen-angen kepriye carane agawe papan
mau supaya didadekake sarana panguripan tumrap anak putune. Ing alas kono ana
sawenehing saluran banyu kang mandheg amarga ora ana dalan banyu kanggo tumuju
papan kang luwih adoh maneh.Banjur, dheweke duweni gegayuhan arep nerusake gawe
dalan minangka saluran ilining banyu. Mung wae isih bingung arep migunakake
gaman apa kang bisa agawe saluran banyu kaya mangkono iku, kamangka dheweke ora
duwe gaman saliyane teken kang digawa ing saben-saben dheweke lunga menyang
ngendi wae.
Ki Joko Surowiwit
nggawe saluran banyu kaya apa kang dadi kekarepane kanthi migunakake teken
minangka gaman kang bisa dienggo ngrewangi dheweke.Dene carane migunakake, dheweke
mlaku mangalor kanthi nggeret tekene.Pancen ajaib, uga ora bisa dinalar tumrap
wong-wong kang urip ing donya sarwa modern kaya jaman saiki.Tilase teken mau ngetokake
banyu, dumadakan wae sadawane tilas teken kang digeret ngasilake saluran banyu
kaya kang dadi kekarepane Ki Joko Suro.Dheweke krasa seneng merga kasil anggone
mujudake gegayuhane.
Nanging,
durung nganti adoh anggone mlaku, Ki Joko Suro nemu pepalang maneh. Saluran
banyu iku mandheg lan ora bisa mili menyang papan kang arep dituju. Merga ana
watu kang gedhe banget ngalangi lakuning teken mau. Ngupadaya nyingkirake watu
gedhe iku dianggep ora ana gunane, kamangka gamane mung teken lan ora ana
liyane. Pepalang iku ora ndadekake ciyuting atine.Malah, dheweke duwe gagasan
aweh jeneng “Pengkok” tumrap papan ing ngendi ana watu gedhe kang ngalangi
lakune uga ilining saluran banyu kang digawe. Kena apa diwenehi jeneng
”Pengkok?” amarga, nalika gawe saluran banyu, tekene kepengkok (terpentok)
dening watu kang gedhe banget ukurane. (Saiki, papan iku diarani dhusun
Pengkok.)
Ki Joko Suro
ora kendhat anggone ngupadaya gawe saluran banyu. Sawise leren sedhela, dheweke
nemokake kepriye carane nerusake ilining banyu mau. Yaiku kanthi carangenggokake
lakuning teken mangulon lan mangetan. Tegese, teken diliwatake ing sisih kulon
lan sisih wetaning watu gedhe kang ngalang-alangi mau. Dadi, watu iku wis ora
ndadekake pepalang maneh, amarga saiki ilining banyu wis lancar maneh. Banjur,
Ki Joko Suro nerusake lakune mangetan, ilining banyu uga ngetutake lakune
dheweke mangetan.Dene banyu kang mili mangulon dijarke mili ing sadawaning
dalan.Merga wis krasa kesel anggone mlaku adoh, dheweke mandheg ing sawenehing
papan panggonan kang uga durung ana kauripan babar pisan. Ing kono, Ki Joko
Suro mikir, apa kang arep ditindakake maneh tumrap banyu saka saluran banyu
gaweyane dheweke. Nalika semana, Ki Joko Suro kepengin banget nanduri papan kono
kanthi tanduran pari, merga lemah ing kono cocog banget kanggo tanduran pari
lan bisa direka, mengkone bakal ngasilake panenan kang apik, nanging ora duwe
winih pari kang arep ditandur.
Kamangka,
dheweke ing kono uga ora ngreti papan ngendi wae kang ana kauripan lan bisa
nemokake winih pari. Kanthi migunakake kasektene, Ki Joko Suro entuk pituduh
mlaku mangulon tumuju desa Kali Terong kang akeh sawahe.Ndilalah, Ki Joko Suro
ngreti ana winih pari kang wis cumawis ing sisihing galengan. Banjur dheweke njupuk
winih mau.Nanging, njupuke winih, ora nganggo cara kang becik. Winih pari
dicolong migunakake kranjang kang wis cumawis neng kono uga. Dheweke mlaku
tanpa dosa kanthi nggawa kranjang isi winih kasebut menyang papan kang arep
ditanduri mau.Nalikane dheweke mlaku mangetan, ora dinyana winih pari kecer ing
sadawane dalan mlaku mangetan. Wis ora mikir bebaya apa kang arep ditemoni, ing
pikirane mung kepriye carane winih pari mau ora entek satekane papan
panggonane. Prastawa kecere winih pari ing papan kono iku malah nuwuhake
gagasane maneh kanggo njenengi papan mau.Merga winih parine kecer ing kono,
mula Ki Joko Suro aweh jeneng “Sekecer.”(Saiki, diarani dhusun Sekecer.)
Ora mung tekan
semono anggone Ki Joko Suro ngupadaya winih parine. Ki Joko Suro banjur golek
gegodhongan kanggo nyumpeli kranjang kang bolong lan marakake parine kecer
saparan-paran supaya ora ana tilas pari kang kecer maneh lan ora konangan
anggone nyolong. Sawise kranjang disumpeli, Ki Joko Suro mbacutake lakune.
Satekane papan mandhege banyu mau, dheweke langsung wae nyebarake winih pari
kang dicolong saka Desa Kali Terong. Sakeplasan wae, papan kono wis kaisi
dening winih pari kabeh. Kanggo ngilangake tilase pari kang dicolong, Ki Joko
Suro banjur mlaku menyang papan kang ora adoh saka papane dheweke saprelu
mbuwang kranjang kang digunakake nggawa winih pari mau supaya ora konangan
anggone nyolong winih.Kranjang mau dibuwang ing sawenehing papan.Ana wae ing
pikirane kanggo njenengi papan iku.Papan ing ngendi kranjang iku dibuwang, diwenehi
jeneng “Sekranjang.” (saiki diarani dhusun sekranjang).
Ora let suwe
karo kadedeyan iku, salah swijining petani ana kang kelangan winih pari. Petani
mau weruh Ki Joko Suro nggawa kranjang banjur dioyak merga petani mau yakin
kranjang kang digawa Ki Joko Suro mau isine winih pari.Petani iku weruh tilas
kecere winih pari kang bisa didadekake pituduh.Dheweke mlaku ngetutake arah
kecere winih pari.Nanging, ing tengah dalan, dheweke digawe bingung. Merga,
tilase winih pari mau wis ora ana maneh. Anehe, ing kono uga ora ana tanduran
pari utawa sawah.Ora mung mandheg jegreg anggone nggoleki winihe kang ilang.
Dheweke terus mlaku mangetan nganti tekan papaning Ki Joko Suro lan kepethuk
langsung marang wonge kang lagi leyeh-leyeh nyawang winih kang entes wae
disebar. Ing kono, petani wis duwe rasa cubriya marang Ki Joko Suro. Nuruti
panasing atine merga nesu, ora kesuwen anggone marani Ki Joko Suro lan nakokake
bab winih pari kang ilang.
Jenenge wae
maling, ora tumon maling ngakoni lelakone.Mesthi wae kurungan bakalan cepet
kebak.Senajan petani nakoni nrecel ora lali nganggo emosi, Ki Joko Suro mung
sepele wae anggone ngadhepi. Dheweke pinter golek wangsulan kang bisa njagani
awake dhewe saka bebayaning ukuman. Petani iku wis krasa jengkel banget, nganti
muntab. Nanging, Ki Joko Suro tetep ora gelem ngakoni lelakone.Malah, dheweke
nantang marang petani kanthi gawe unen-unen kang isine kaya mangkene “yen pari
kang daktandur iki mau ing wayah panene ngasilake pari kang gundhul, kowe kudu
percaya yen aku ora nyolong winih parimu.Merga, winih parimu iku jinising pari
kang duweni rambut.Ning, yen pari kang daktandur mau ing wayah panene ngasilake
pari kang duweni rambut, iku dadi seksine yen aku pancen nyolong winih
parimu.”Apese, si petani ora ngreti jinising pari duweke, mula dheweke precaya
wae marang Ki Joko Suro.Pancen, nalika wayah panen, pari kang ditandur Ki Joko
Suro dudu jinising pari kang duweni rambut, ora liya pari gundhul.Mula, Ki Joko
Suro slamet saka pangincime si petani.Si Petani njaluk ngapura marang Ki Joko
Suro lan menehi winih pari kang cacahe sepuluh iji supaya ditandur ing sawahe
Ki Joko Suro. Miturut kandhane petani, winih mau dudu sembarang winih. Nalika
ditandur pancen nggumunake, winih kang mung sepuluh iji mau saya suwi dadi saya
lemu lan tiba wayahe panen dadi pirang-pirang kandhi.
Saking
bungahe, Ki Joko Suro banjur aweh jeneng Surokonto kanggo papan mau, Surokonto
kadadeyan saka tembung Suro yaiku dijupuk saka jenenge awake dhewe kang duweni
teges kuwat, lan Konto kang duweni teges wani. Dene tujuwane, nalika ing papan
mau wis wiwit ana kauripan, supaya para warga eling marang dheweke kang wis
ngupadaya papan kono kanthi rekasa. Dening Ki Joko Suro, Surokonto diperang
dadi loro, yaiku Surokonto Wetan lan Kulon. Iku mau adhedhasar saluran banyu
kang digawe dheweke nalika nemoni pepalang watu gedhe ngalangi lakuning teken,
lan dienggokake mangetan banjur mangulon. Ateges saluran banyu dadi ing
sawetane lan kulone watu gedhe mau. Surokonto dadi desa, banjur Ki Joko Suro
lan garwa sarta abdine mapan ing kono, dadi warga kang pisanan. Saya suwe
Surokonto saya padhet wargane.
Saka misuwure
Ki Joko Suro ing desa sebrang, ndadekake Kyai Lompong panas atine, meh saben para
warga ngugung sing jenenge Ki Joko Suro.Kyai Lompong takon marang sawenehe
warga ngenani sapa kuwi Ki Joko Suro sing lagi dadi kembang lambene para warga.
Salah sawijining warga nyaritakake yen Ki Joko Suro iku minangka wong kang
dianggep paling sekti merga bisa gawe saluran banyu, sawah, uga bisa ngedegake
desa ing sawenehe papan panggonan kang dijenengi desa Surokonto, dene Surokonto
iku mapan ing sawetane desa Kali Terong.Kyai Lompong serik atine krungu critane
warga mau, mula dheweke duweni karep nekani Ki Joko Suro lankepengin
nyingkirake Ki Joko Suro saka papan dununge banjur papan mau arep diaku duweke.
Kyai Lompong ora bisa nrima ngono wae kasektene kesaing dening Ki Joko Suro,
merga krasa yen dheweke sing paling sekti mandra guna. Dene larah-larahe
dijenengi Kyai Lompong yaiku merga nalika nekani papan dununge Ki Joko Suro,
Kyai Lompong nyamar dadi petani lan utusan marang murid kinasihe supaya nganake
sayembara gawe gaman kang tujuwane nyingkirake Ki Joko Suro. Gamane sapa sing
paling landhep, yaiku sing menang ing sayembara lan papan dununge Ki Joko Suro
sing dadi bebungahe, merga Ki Joko Suro dianggep ora duwe hak marang desa
Surokonto merga anggone nggawe ora ana kasepakatan apa maneh idi pangestu saka
Desa sebrang.Kamangka sak durunge dadi desa Surokonto, papan mau dudu darbeke
sapa-sapa.Wusanane, Ki Joko Suro ora kabotan anggone nampa panantang gawe gaman
kuwi, dheweke melu sayembara, semana uga Kyai Lompong. Ki Joko Suro banjur
ngupadaya gawekeris, Kyai Lompong uga melu gawe gaman arupa keris. Sawise keris
dadi, banjur dijajal kanggo mangerteni gamane sapa sing paling landhep. Keris
gaweyane Kyai mau disabetake menyang wit lompong ing sisihe, nanging wit
lompong iku ora cacat sithik-sithika, godhonge uga ora suwek babar pisan. Beda
maneh karo keris gaweyane Ki Joko Suro sing landhepe ora karuwan. Awitsaka
kadadeyan kuwi, Kyai mau diparabi Kyai Lompong dening Ki Joko Suro.Banjur ora
kesuwen anggone Ki Joko Suro utusan supaya Kyai Lompong nyingkiri dheweke saka
papan dununge.Merga ora gelem ngakoni yen dheweke kalah, Kyai Lompong banjur
lunga menyang sawahe Ki Joko Suro.Ing kana, dheweke ngorak-arik tanduran pari
kang lagi wiwit thukul.Ki Joko Suro muntab ngerti pratingkah kaya mangkono iku.
Sauntara suwe
anggone Ki Joko Suro nglungani Kadhipaten lan ngumbara, abdi daleme rasan-rasan
arep melu lunga lan nyusul Ki Joko Suro sarta garwa-garwane. Senajan ora ngerti
ana ngendi dununge Ki Joko Suro saiki.Nanging, saking bektine marang Ki Joko
Suro, abdi dalem mau nggoleki nganti ketemu.Banjur kelingan marang welinge
dheweke wektu iku. Mangerteni yen Ki Joko Suro iku seneng marang panantang,
mula abdi daleme mlaku ngumbara mangalor ngati tekan papan dununge Ki Joko
Suro.
Perjuwangane
Ki Joko Suro ora mandheg ing kono thok. Saiki sing ana ing pikirane, kepriye
carane ngudarasa kanthi rasa syukur merga saka polah tingkahe dhewe, dheweke
bisa kasil gawe papan panguripan tumrap anak putune. Nalika dheweke turu, Ki
Joko Suro ngimpi kang dianggep ora biyasa. Ing ngimpine, ana sing ngandhani
supaya nglakoni tapa bata ing papan pisanan nalika dheweke tekan ing Tawing.
Ing ngimpine
kuwi Ki Joko Suro diutus supaya nglakoni tapa brata ing sasi mulud, malem
jum’at kliwon. Banjur tapane uga kudu kanthi cara mblusukake sakojuring awak
neng sawenehing saluran banyu kang minangka pusating saluran gaweyane dheweke. Merga
ngimpi mau dianggep ngimpi kang ora biyasa, Ki Joko Suro nglakoni tapa kaya apa
kang dikandhakake ing ngimpine. Tegese, Ki Joko Suro tapa brata sewengi muput
ing sak njeroning banyu utawa kungkum nganti sirahe thok kang katon saka njaba.
Kamangka wis bisa dinuga yen ing sajroning banyu iku mesthi akeh lendhute. Sawise
sewengi muput tapa ing njero banyu, Ki Joko Suro mentas lan awake gluput
lendhut. Mula saka kuwi dheweke diparabi Ki Gleput Joko Suro.
Majuning
Jaman, Surokonto wis malih dadi desa. Iku tegese, Ki Joko Suro kasil anggone
ngupadaya kanggo anak putune.Kocap kang cinarita, kauripan kang pisanan ing
Desa Surokonto wiwit katon sithik baka sithik.Para warga wiwit nglumpuk ing
kono.Saya suwe saya akeh para warga kang mapan ing Surokonto.Nganti tiba wayahe
jaman Kumpeni, panjajahaning nagara Walanda. Kejeme kumpeni Walanda pancen wis
misuwur. Ing saben dinane, uripe para warga ya digawe nelangsa. Ora mandhang
lurah apa maneh rakyat-rakyat cilik, kabeh dikongkon kerja rodhi, kang ateges
kerja mawa cara ngutamakake rasa ikhlas tanpa bayaran apa-apa saka kumpeni.
Dadi oleh-olehe kerja ya mung kesel thok.
Para warga ing
wektu iku kabeh dho dadi buruh tani, ana sing wis duweni sawah dhewe, ana uga
kang mung dadi buruh. Sejatine, warga Surokonto iku kalebu petani kang
rata-rata sugih. Nanging ya kuwi mau hasil panen saka sawah lan tegalan kabeh
dijaluk dening para kumpeni kang ora duwe ati. Nenandur dhewe, diruwat dhewe,
nanging ora tahu ngrasani hasile. Wektu iku Surokonto wis meh kasatan banyu,
merga ilining banyu wis ora gedhe lan lancar kaya adate. Mula para warga wiwit
kisruh mikirake tandurane kang kasatan banjur padha mati langaring nganggur.
Kamangka panenan mau kudu disetorake marang para kumpeni.
Saya suwi
ilining banyu saka Tawing saya mundhak cilik ngathir, nganti ora bisa tekan
desa.Salah sawijine Walanda nggoleki sumbering banyu mau banjur reka-reka arep
ngupadaya nglancarake ilining banyu. Walanda mau tumuju ing alas Tawing lan
weruh dalan banyu kang arahe mangetan lan mangulon ing sisihing watu gedhe.Banjur
duweni gagasan arep gawe dalan banyu maneh kanthi ambangun trowongan ing
sangisore watu gedhe kang sejatine arupa bukit. Langsung wae Walanda mau utusan
marang ngisorane supaya mbangun trowongan kan ngliwati saambane watu gedhe mau.
Kanthi rekasa para warga uga melu mbagun terowongan ing ngisor lemah mau
ngantidadi lan rampung. Banyu mili gedhe tur tambah akeh kang tumuju ing desa
Surokonto. Saikine, para warga wis ora susah maneh, amarga banyu wis mili kaya
padatan. Tetanduran ing sawah lan tegalan wis bisa kasiram banyu lan lemu
maneh.
Sawise
Surokonto bebas saka panjajahe nagaraWalanda, para warga krasa seneng merga
uripe wis ora gumantung marang Walanda kang kejem maneh. Hasil panen saka sawah
lan tegalan-tegalan wis bisa didol dhewe-dhewe kanggo nyambung uripe. Wis ora
kabotan mikir setoran kanggo para kumpeni kang ora duwe rasa welas asih marang
sapadha-padha. Salungane Walanda, Surokonto katon makmur maneh, para warga ora
kendhat anggone ngupadaya golek sandhang boga kanggo kulawarga. Merga krasa
butuh pemimpin kanggo desane, mula para warga milih salah sawijine warga supaya
dadi lurah ing Surokonto.Mesthine anggone milih ora mung waton milih. Nanging,
wong kang wis dipercaya bisa dadi panutan kanggo warga liyane.
Ing tahun
1989, desa Surokonto dipandhegani dening lurah kang arane Sudari. Neng kono,
jaman wis luwih maju saka sakdurunge. Ana sawenehe warga kang aran Tasno kang
wis sepuh banget minangka juru kunci utawa salah sijine warga kang mangerteni
kepriye larah-larahe desa Surkonto. Banjur wong kang akrab diceluk mbah Tasno
iku mau nyeritakake sapa kuwi Ki Joko Suro, kepriye larah-larahe desa
Surokonto, wiwit saka saluran banyu, kang nganti saiki isih dinggo kanggo
nyambung urip ing saben dinane nganti jeneng-jeneng dhusun kang ana ing
Surokonto kanthi gamblang.Pungkasane para warga ngerti sapa sejatine Ki Joko
Suro kuwi.
Merga para
warga Surokonto wis mangerteni sapa kang madegake Desa Surokonto, lan
mangerteni babagan Ki Joko Suro kang tapa brata ing banyu lan nalika mentas
kebak lendhut, mula para warga ngundang Ki Gleput Joko Suro, malah luwih akrab
diceluk Mbah Gleput joko Suro. Ki Joko Suro uga dianggep pahlawaning Desa
Surokoto.Banjur sadawaning saluran ilining banyu mau dicor kanthi wujud
nyumurupi talang lan ing panggonan tapa bratane Ki Joko Suro didegake bangunan
awujud bak minangka tampunganing banyu mawa ukuran 15x15, banjur nganakake kaya
dene ritual kanggo ngonjukake rasa syukur kang awujud pesta rakyat. Pesta
rakyat iku diarani syukuran talang Tawing.Tradhisi iki dianakake saben telung
tahun sepisan ing sasi mulud utawa bada mulud ing dina jum’at kliwon. Anggone
nemtokake dina lan tanggale ora bisa sembarangan, nanging kudu dipetung luwih
dhisik. Yen petungan iku tiba ing sasi mulud, nanging ora anadina jum’at kliwon
bisa dianakake ing sasi sacandhake kang ana dina jum’at kliwone.
Dene tata
carane yaiku kanthi reresik luwih dhisik ing sakupenging saluran banyu,
dibacutake nyembelih kebo ing dina jum’at kliwon esuk, lan awane nanggap
pagelaran wayang kulit sewengi nutug. Nanging kebo kang digunakake dudu kebo
kang kaya biyasane.Ing kene kudu nganggo kebo bule, iku wae ora kena kebo bule
kang minangka kewan ingon. Kudune kebo bule kang biyasa golek mangan dhewe lan
diumbar tanpa diopeni uwong. Mula uga angel ditemoni lan ora mesthi ana ing
sembarang panggonan. Kadhang yen prelu kudu pesen dhisik ing panggonan kang ana
kebo kaya mangkono mau.Kebo mau disembelih ing saluran banyu ing ngisor wit
gedhe kang krowak tengahe.Wit iku manggon ing sisihe saluran banyu kang digawe
dening Ki Joko Suro nalika semana.Wengi sakdurunge kebo disembelih, luwih
dhisik didusi nganggo banyu kembang setaman. Banjur esuke umun-umun bubar
subuh, kebo digiring menyang alas Tawing kangadoh tumrapwong mlaku tanpa
kendharaan. Wiwitane pancen kebo mau nyrudug-nyrudug wegah digiring malah kerep
banget arep nyilakani wong kang nggiring. Para warga uga ngetutake ing mburine
kebo lan juru giringe mau. Nanging,aneheyen mau neng sadawaning dalan tumuju
Tawing kebone nyrudug-nyrudug, bareng tekan alase dadi lulut lan manutan. Malah
ana uga kangmlaku dhewe tanpa dituntun.
Satekane
rombongan ing Tawing, kebo luwih dhisik disabrangake ing saluran banyu mau
saprelu adus lan jeguran kaya dene bocah cilik kang lagi seneng-senenge adus
ing sendhang. Sawise cukup anggone ngedusi kebo kanthi nyemplungake ing saluran
banu saprelu nyebrang, kebo mau banjur digiring menyang papan kanggo nyembelih,
yaiku ing ngisor wit gedhe kang tengahe krowak iku. Saking akehe kang nyekseni,
mula kebo ora bisa diatasi, ndhuawak-ndhuwak ora karuwan nalika arep dijagal.
Padatan, pisan pindho angel anggone njagal, nanging biyasane sabanjurekebo mau
dadi lulut lan mapan dhewe, kaya-kaya wis ngerti yen dheweke arep disembelih.
Sing nyembelih kebo mau uga ora sembarang uwong. Syarate kudu disembelih dening
kyai lan didongani kaya adate yen arep nyembelih kewan.
Sarampunge
upacara sembelehan, kebo langsung dikuliti lan daginge dibagi loro. Sing separo
dimasak ing Tawing lan sing separo maneh digawa bali menyang omahe pak lurah
kanggo nyuguh para niyaga lan kabeh paraga ing pagelaran wayang uga para warga
sarta tamu undhangan. Sing dimasak lan digawa bali iku mung daginge wae, dene
endhas lan sikile dibelet ing sisihing talang dawa kang ora liya saluran banyu
mau saprelu gawe sesaji. Tata cara candhake, para warga nganakake ambengan
utawa slametan mawa bucu utawa bucon dinggo kembulan. Ora lali dilawuhi daging
kebo kang dimasak neng nggone mau.
Sabanjure,
para warga ditanggapake wayang kulit wiwit awan nganti sewengi muput. Lakon ing
pagelaran wayang iku uga wis ditemtukake. Nanging, mung lakon kanggo pagelaran
wayang kang diadani wayah awan bubar tata cara sembelehan. Lakon kang digelar
ing wayah awan migunakake lakon kang wis pakem yaiku Rama Tambak, merga lakon
kuwi anggambarake kepriye nalika Ki Joko Suro nggawe saluran banyu ing Tawing.
Banjur wengine nggelar lakon bebas kaya apa kang dadi panjalukane para warga,
merga sifate mung kanggo hiburan. Sadurunge pagelaran wayang kawiwitan, luwih
dhisik wayang dikumbah ing papan kang diarani Pintu. Pintu yaiku arane
bendungan minangka pusat sumbere banyu ing Tawing kanggo mbagi banyu saka
Surokonto neng desa liyane.
Lumrahe
dhalang kang ngumbah wayange, ora kabeh wayang dikumbah mung wae saperangan
thok, yaiku Kresna, Janaka, lan Punakawan. Ngumbah paraga-paraga mau ora teges
tanpa alesan, dene alesane mung paraga kuwi kang dikumbah yaiku supaya pemimpin
ing Surokonto duweni watak kaya paraga-paraga mau. Kayata, Kresna duweni watak
wicaksana, Janaka duweni pendhiriyan kang kekeh (berpendirian teguh), lan
punakawan kang duweni gegyauhan tumrap majune jaman kang arep tumeka,
berjuwang, lan pekerja keras.
Rerangkeyan
tata cara iku diadani saben telung tahun pisan lan wis didadekake agendha
rutine desa Surokonto ing saben telung tahun pisan. Para warga precaya yen
kanthi nganakake syukuran mau bisa nambah gancaring iline banyu kang terus dadi
sumbering panguripan tumrap para warga.Pancen nyata, anane banyu kuwi
perekonomian ing Surokonto tansaya mundhak. Rakyate pada makmur lan urip
tentrem.
Wis tahu lan
kuwi mung sepisan ana niyatan ora nganakake pesta rakyat kanggo syukuran Talang
Tawing. Pak lurah duweni angen-angen, sepisan wae ora menehi sedhekah bumi mau
jalaran ora ana prabeya kanggo ngadani tata cara kang wis dianggep rutin. Kang
banget nggumunake, angen-angene pak lurah mau ndadekake kaya-kaya dhedhengkote
Tawing ngamuk.Sanalika lemah-lemah ing tawing pada mbelah dadi rong perangan,
padha pating plethek nganti banyu ing saluran ora gelem mili menyang Surokonto
maneh. Kamangka kuwi mau mung lagi pangangen-angen lan durung kadadeyan. Mula
saka iku, niyat kanggo ora ngadani syukuran Talang Tawing diwurungake.Banjur
para punggawaning desa ngupadaya ben piye carane agendha rutin mau bisa
kalaksanan kaya biyasane kanthi nariki urunan saka para warga Surokonto la nana
saperangan saka desa liya kang menehi dhonatur utawa sumbangan, jalaran melu
migunakake banyu saka Tawing.
Nganti saiki,
jeneng Surokonto Kulon lan Surokonto Wetan ora owah sithik-sithika, sanajan ta
wis dadi desa. Miturut para warga, sedane Ki Joko Suro mapan ing Desa Surokonto
Wetan, mula disarekake ing sareyan umum Desa Surokonto Wetan. Amarga para warga
ngreti lan nganggep Ki Joko Suro iku kalebu sawenehing Pahlawan tumrap kadadeyane
desane, mula sareyane digawe beda saka sareyane para warga. Yaiku, kanthi
nggawekake omah-omahan ing satengahing pasareyane para warga. Dadi, sareyane Ki
Joko Suro iku papane ing njero omah-omahan kang digawe kaya omah tumrape wong
urip neng donya. Nanging, ing njero omah iku ora mung dienggoni Ki Joko Suro
wae, ana uga sareyane garwa-garwane kang cacahe loro, ngapit ing sakiwa tengene
Ki Joko Suro.Banjur ing sisihe maneh, ana sareyan kang dianggep sareyane abdi
daleme kang uga cacahe loro.
Rerangkeyan
tata cara mau saiki wis dadi tradhisi tumrap desa Surokonto. Nanging, saya maju
jamane tradhisi mau dadi owah ora kaya jaman pisanan dianakake merga solah tingkahe
wong-wong kang duweni watak srakah.Tradhisi kang sakbenere mung minangka
upacara kanggo rasa syukur saiki malah digawe sarana pesugihan tumrap wong-wong
kang asale saka liya desa. Dadi, nalikane nyembelih kebo wong-wong mau padha
melu nyekseni ing Tawing saprelu midak geihing kebo kang jarene bisa nuwuhake
pasugihan. Wektu iku ana sawenehing warga arane Sugimin saka dhusun Tawang,
Weleri kang melu pesugihan.Dene carane, ing malem jum’at kliwone, wong-wong
kanga rep nglakoni pesugihan mau padha tapa brata ing cungkupe Ki Joko Suro, kaya-kaya
padha njaluk idi pangestu.Esuke, wong-wong mau melu menyang Tawing, nalikane
kebo disembelih, langsung wae padha rebutan arep ngidak getihing kebo bule kang
diprecaya bisa aweh pesugihan. Jarene, getih mau ora bisa cocog karo sembarang
wong kang ngidak. Titikane yen getih mau cocog, nalika diidak bakal nemplek ing
dlamakan sikile, kanthil ora bisa ucul. Kamangka getih kenthel banget. Dene yen
ora cocog marang wong sing midak, getih mau ora gelem nemplek ing dlamakan.
Sugimin yaiku
wong kang kasil anggone golek pasugihan saka getih mau. getih cocog marang
dheweke, wektu kuwi dheweke dumadakan dadi sugih sanalika. Misuwur banget kang
jenenge Sugimin iku minangka juragan kapal, dudu kapal-kapal moden kaya saiki,
nanging kang darani kapal yaiku prahu kanggo golek iwak para nelayan. Nanging,
nglakoni pesugihan kaya mangkono iku kudu disarujuki dening keluarga, jarene
wong kang arep golek pasugihan kudu nyedhiyakake kamar mligi pesugihane mau.
Miturut cerita, yen getih cocog lan nemplek ing dlamakan, pesugihan langsung
teka ing ngomahe wong iku, ing sawenehing kamar kang wis sumadya dumadakan ana
swara kebo kang tiba saka dhuwuring gendheng.Yen saka keluarga wis ngerti
babagan pesugihan iki, mula ora kaget ditekani kaya ngono kuwi. Tekane kebo mau
nggawa dhuwit, nanging yen saka keluarga ora ngerti babagan kuwi, akeh-akehe
padha nggusah kebo supaya ora manggon ing kamar. Wusanane, kebo lunga lan ora
kasil anggone golek pesugihan.
Wong kang wis
nglakoni pesugihan kaya mangkono bisa dititiki. Saka ragane wae wis gamblang,
biyasane wong mau kaya kebo ora tahu adus, ora tahu nganggo sandhal, lan ambune
kaya kebo. Pancen pesugihan ngono kuwi ana senenge uga orane. Senenge, tanpa
pontang-panting kerja dhuwit wis mara dhewe, ora kepenake yaiku yen besuk mati,
wong kang nglakoni pesugihan bakal didadekake tukang angone kebo kang getihe
diidak lan didadekake pesugihan. Mapane ya neng wit gedhe kang dienggo papan
nyembelehe kebo mau, neng kono kuwi diarani kerajaane kebo lan para pamonge. Jenenge
wae pesugihan, wis mesthi kudu ngecakake apa kang dadi syarate, utawa sesajen
kang maune wis ana ing perjanjiane. Nitik saka kauripane Sugimin, dheweke lali
ora ngecakake sesajen, banjur pesugihane ilang ngono wae.Kapal-kapale padha
kerem nalikane miyang golek iwak neng segara. Saikine, Sugimin wis ora dadi
wong sugih maneh, malah kahanan uripe dadi luwih elek ketimbang sadurunge
nglakoni pesugihan.
Jalaran para
warga Surokonto ora seneng marang kelakuwane wong-wong kang nglakoni pesugihan
mau, mula getih kang biyasane dibelet ing papan kanggo nyembelih saikine
age-age dibuwang kali.Nanging, tetep wae wong-wong mau duweni aji-aji dhewe
kanggo ngupadaya supaya entuk getih mau.mula, nalika getih dibuwang langsung
padha balapan ngoyak ilining getih kang wis campur adhuk karo banyu. Yen pancen
cocog, senajan getih wis keli ing banyu, getih tetep gelem nemplek ing
dlamakanlan pesugihan tetep isa digoleki. Para warga Surokonto lan sakupenge,
ora entuk melu pesugihan. Jalaran padha melu ngombe lan migunakake banyu saka
Tawing. Mula kanggo para warga Surokonto lan sakupenge melu pesugihan ngono
kuwi hukume haram. Yen tetep nekat melu, bakal nemu bebendu kang ora bakal bisa
dinyana sadurunge.
Saiki,
Surokonto wis luwih maju. Ora ana kang owah sithik-sithika wiwit saka jeneng
lan tradhisi-tradhisi kang kaya jaman biyen mula wis ana. Para warga terus
nglestarikake apa kang wis ana ing Surokonto. Dene ngenani papan panggonan kang
wis pratelakake ing dhuwur, yaiku Pengkok, Sekecer, lan Sekranjang, iku
minangka jeneng dhusun-dhusun kang ana ing Surokonto. Lan babagan saluran uga
ilining banyu, nganti seprene saluran mau minangka sumbering banyu ing dhusun
Pengkok, Sekecer, lan Sekranjang. Awit saka kadadeyane Ki Joko Suro nyolong
winih pari merga dheweke yakin yen lemah kono cocog kanggo nenandur, sejatine
uga pratelan iku bener. Pranyata, saiki Desa Surokonto wis misuwur minangka
Desa kang bisa ngasilake panen pari ping telu jroning setahun. Nyatane, kahanan
mengkono iku ora ditemoni ing Desa liyane, kajaba ing Desa Surokonto iku dhewe.
No comments:
Post a Comment